Kamis, 06 Oktober 2011

Sya'ir tanpo wathon

ASTAGHFIRULLAAH ROBBAL BAROYA
ASTAGHFIRULLAAH MINAL KHOTHOYA
ROBBI ZIDNI ‘ILMAN NAFI-‘AA
WA WAFIQNII ‘AMALAN SHOLIKHAA


YA ROSULALLAAH SALAMUN ‘ALAIK
YA ROFI-‘ASY-SYANI WADDAROOJII
‘ATHFATAN YAJI ROTAL ‘ALAMI
YA UHAILALJUUDI WAL KAROOMI

Ngawiti ingsun ngalaras syi-‘iran,  Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan keni’matan,  Rino wengine tampo pitungan

Duh bolo konco prio wanito,  Ojo mung ngaji syariat bloko
Gur pinter ndongeng, nulis lan moco,  Tembe mburine bakal sengsoro

Akeh kang apal Qur’an hadiste,  Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatekne, Yen iseh kotor Ati Akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro,  Ing pepaese gebyareng dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo,  Mulo atine peteng lan nesto

Ayo sedulur ojo nglalek ake,  Wajibing ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide,  Baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine,  Kerono mapan sari ngelmune
Laku thoreqot lan ma’rifate,  Ugo haqeqot  manjing rasane

Alqur’an Qodim wahyu minulyo,  Tampo tinulis siro den woco
Iku wejangan guru waskito,  Den tancepake ing njero dada

Kumantil ati lan fikiran,  Mrasuk ing badan kaleh jeroan
Mu’jizat Rosul dadi pedoman,  Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Allaah kang Moho Suci,  Budi rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riyadlohi,  Dzikir lan suluk ojo nganti lali



Uripe ayem rumongso aman,
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo snajan pas-pasan,    
Kabeh tinakdir saking Pengeran

Kelawan konco dulur lan tonggo,Kang podho rukun ojo tjidero
Iku sunnahe Rosul kang Mulyo,Nabi Muhammad panutan kito

Ayo nglakoni sekabehane,  Allaah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dlohire, Ananging Mulyo maqom drajate

Lamun palastro ing pungkasane,  Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allaah suwargo manggone,  Utuh mayyite ugo Ulese

YA ROSULALLAAH SALAMUN ‘ALAIK
YA ROFI-‘ASY-SYANI WADDAROOJII
‘ATHFATAN YAJI ROTAL ‘ALAMI
YA UHAILALJUUDI WAL KAROOMI



@by.jamas collections

Tidak ada komentar:

Posting Komentar